Sunday, December 12, 2010

Tanggal 1 suro


Malem tanggal siji Sura aku kebeneran budal nang Disparda Sidoarjo. Karepe mono ya arep melekan. Ing disparda wis ana Mas Kukuh, sing tingkat loro, Kang Tejo, Yasminto, Gunung ugo Tri Purna.
“Malem Sura nyang endi, Nung,” pitakonku marang Gunung.
“Nyangdi Kang? Ra ngandi-ngandi. Cangkruk neng kene wae penak kok”, wangsulane Gunung.
“Ra melu ngumbah keris, ta? Sura-sura wayahe wong ngumbah keris”, kandhaku.
“Ooorak ! Jaman kaya ngene kok isih ana wong ngingu keris. Keris nggo apa,”kandhane Gunung.
“Lho ya aja ngono, Nung,”ngendikane Mas Kukuh.”Iku ngono ana sejarahe.”
“Pripun, Mas ?” pitakone Tejo kepingin ceto.
“Ngene, rungokna,”mas Kukuh miwiti crita. “Keris iku keras. Digawe saka wesi werna-werna. Ana wesi Balitung, wesi Pulosrani, lan uga ana sing saka meteorit barang. Dadi bakale ora mung waja thok. Keris yen dikramakake tosan aji. Tosan saka tembung tos sing tegese atos”
“Turene, keris niku mengku piwulang sing dhuwur . Nggih napa, mas “ omongane Tri Purna nyela.
“Lha iya , kanggone sing ngerti. Kanggone wong sing ora ngerti : La apa, jaman saiki rak jaman modern, jaman internet , isih ngingu keris. Takhayul. ”.
“Lha tegese tos utawi tosan niku napa, mas?” Gunung penasaran
“Tegese, wong iku kudu nduweni watak, jiwa utawa semangat sing keras. Ora bakal mundur yen gegayuhane durung kasembadan. Mula satemene aja pisan-pisan ngremehake wong Jawa. Wong Jawa iku yen wis kadhung nduweni gegayuhan mesthi tansah ngudi kaleksanane. Ketoke wong Jawa yen ngadeg ngapurancang, karo monthak-manthuk, injah-injih. Nanging yen duwe kekarapen, wooo .... aja pisan-pisan diremehake.”
“Kados blangkon, nggih , mas” pitakone Tejo.
“Karepmu ? “
“Lurus ngarep, mbendhol buri.”
“Ora ngono Jo. Lha kuwi rak blangkone wong Yogja. Yen cara Sala rak trepes”
“Ngoten niku mengku filsafat, napa boten, mas?” Gunung nyela.
“Dingaren, Nung. Omonganmu kok rada dhuwur. Kaya wis tau mangan sekolahan wae. Kok nganggo tembung filsafat barang. Kaya ngerti-ngertia wae.”
“Nggih boten. Kula niku rak namung ngrungak-ngrungokake tiyang ngomong mawon.”
“ Ya yen digoleki mesthine ana. Aku dhewe durung ngerti. Ning yen omongan lurus ngarep mbendhol buri iku mung guyonane wong-wong wae.”
“ Dadi ... niku boten temenan nggih ?”
“ Dakkira ya ora. Coba delengen wae, blangkone wong Yogja, blangkone wong Sala, karo blangkone wong Banyumas. Rak beda ta ? Lha nek beda-beda kuwi tegese njur piye?”
“ Tapi niku, Mas. Keris gadhahan kula niku tangguh Majapaitan, ibuke lare-lare bola-bali mblendhang-mblendhing mawon “ Aku pingin ngrubah swasana.
“ Keris apa kuwi mas Darso. Sakkrunguku kowe ki ra tau duwe keris ki. Apa hubungane keris karo bojomu ?”
“Lha nggih keris kula sing siji niku.”
“Waah, kowe ki guyon. Aja guyon ta mas! Aku wiwit mau ngomong temenan mung koanggep guyon wae.”
“Lha boten guyon dospundi. Mosok wiwit wau namung sepaneng mawon.”
“Yen bojomu mblendhang-mblendhing kuwi, pancene kowe sing ora ndlomok. Mosok jamu nganggo endhog banyak pitu sakndhegan. Ya mesthi wae. Kok ya entek, gumun aku,” ngendikane mas Kukuh.
“Lha pripun, Mas. Wong hiburane nggih namung niku.”
“Sing kebacut ki ya kowe kuwi ta. Jan ora mesak-mesakake bojone. Anak wis limo barang , isih digenter wae. Mbok ya leren.”
“Dospundi, bolak-balik hiburane nggih namung niku.”
“Ya carane. Saiki rak ana KB, kowe ki ra gelem melu KB iku apa. Jarene pemrentah : Dua anak cukup, laki perempuan sama saja.”
“Karep kula nggih ngoten, ning bojo kula boten purun. Turene boten penak.”
“Pancene sing kebacut ki kowe kuwi, ta. Wong lanang kuwi pemimpin rumah tangga. Mung prekara ngono wae ra isa ngatur ki rak kebacut, ta. Wis mbalik. Mbaleni rembug mau. Nuruti Darso ora ana enteke.”
“Ngaten, mas Kukuh. Sakniki negara niki lagi grengseng-grengsenge mbrantas korupsi. Mangka nek ngangge filsafat keris mesthine saged tuntas. Kira-kira niki sebabe napa ?” pitakone Tri Purna.
“Lha nek iku, sing cetha wong Jawa wis ilang Jawane. Wis nglalekake pituture para sepuh. Kamangka pituture para sepuh iku akeh sing apik. Keris iku keras. Mesthine yen keras, temenan anggone tumindak, temenan anggone mbrantas, tak kira ya bisa.” mas Kukuh njelaske
“Enten paribasan mas, ora keris ning keras, tegese sanajan ora nduweni kapinteran nanging saged mrantasi damel. Nek nurut sampeyan pejabat sing sakniki niku dospundi?” jare kang Yasminto
“Lha nek aku ngarani, sanajan duwe keris ning ora keras. Apa sebabe? Sanajan duwe keris – iki upamane utawa diparibasakake wewenang – mesthine kanthi wewenang mau bisa kanggo mrantasi gawe. Ning ora keras, ya wusanane asile padha wae ora apa-apa. Keras iku gumantung marang mental. Yen pancene mentale lembek, diwenehana keris pirang-pirang, ya tetep lembek.”
“Mbok menawi, kados tulisan Jawa niku. Yen dipangku njur mati.” Yasminto nambahi
“Ya isa uga. Lha saiki pikiren, saupamane pejabat mau wis akeh oleh-olehane, apa ya isa keras? Mulane, saiki iki jamane wong Jawa ilang jawane.”
“Lha niku, mas. Keris kok dilengkuk-lengkuk niku, karepe napa?” pitakone Kang Tejo nyela omongane mas Kukuh.
“Ngomong kawit mau kok ora enek kopine ta iki. Apa ra kecut?” pitakone Tarjan sing lagi teka nimbrung (bojone gerah madaran).”Dakrungokake kok sajake gayeng,”sambunge.
“Ya jane ya kecut. Gayeng ki apa mula ya ra krasa.”
“Goleka kopi nyang warunge yu Tuminem ngarep iku, Nung. Iki lho dhuwite”
“Tiyang pinten, Mas” pitakone Gunung.
“Ya etungen kono. Karo goleka tempe-tempe gembus kono lho. Aja lali lomboke.”
Gunung klithih-klithih menyat saka lungguhe, menyang warunge Yu Tuminem sing ora adoh saka Disparda. Ora suwe Gunung teka karo nggawa kopi karo nyangking tempe gembus sapiring.
“Ewangana nggawa, Jo. Aja mung meneng wae,” pakone Gunung menyang Tejo. Tejo gregah-gregah ngrewangi Gunung. Sawise rampung banjur lungguhan maneh, katambahan Tarjan, mula sangsaya tambah gayeng.
“Lha nek ngene rak gayeng. Mosok ngomong garingan thok. “ Tri Purna karo tangane Gerilya.
“Kawit mau ya mung rokak-rokokan thok, nganti garing gorokanku”, kandhane Gunung.
“Pun, ngga njenengan wiwiti malih,” ujare Tarjan miwiti omong.
“Mau teka ngendi ? Teka lengkuk ya?” pitakone mas Kukuh. “Lengkuke keris kuwi diarani luk. Sanajan ta atos nanging kena dielak-eluk, mula keris iku ana sing lurus ana sing luk. Keris-keris jaman Majapaitan lumrahe lurus. Dene keris jaman Mataram lumrahe nganggo luk. “
“Contone ?” banter eram suarane Yasminto.
“Contone keris Nagasasra. Keris iki keris jaman Mataram, nganggo luk telulas. Naga kuwi tegese ula gedhe. Dene sasra tegese sewu. Nagasasra tegese naga sing cacahe sewu. Keris iki gambare kaya naga sing buntute nglawer teka pucuk. Luke keris iku ana sing luk ana lima, pitu, sanga, sewelas, telulas lan sapiturute nganti luk sangalikur.Mula wong Jawa sejatine wong sing keras nanging senajana keras isih kena diluk, “ kandhane mas Kukuh karo nyruput kopine.
“Kuwi tempene gembus iku panganen. Mengko ora ana sing mangan,” ngendikane mas Kukuh karo nerusake crita.
“Sanajana luk, isih ana garis luruse, imbang antarane kiwa lan tengen. Dadi sanajanta lak-luk ning wong iku kudu tetep lurus. Iku minangka falsafahe wong Jawa bisaa nengenake marang keseimbangan, harmoni, utawa kaselarasan.”
“Urip salaras karo alam. Salaras ing ngalam donya kalawan alam akhir, salaras antarane jagad cilik lan jagad gedhe, mikrokosmos lan makrokosmos.”
“Makrokosmos niku napa, Lik?” pitakone Gunung. “Nopo ten daerah makro mriku.”
“Mikrokosmos iku ya jagad cilik yaiku jagad sing ana sajeroning badan kita dhewe. Dene makrokosmos iku jagad gedhe yaiku jagad sing gumelar iki.”
“Jane ngoten, tinggalane mbah-mbah riyin sae nggih, mas.” Tri nyelo
“Satemene tinggalane mbah-mbah biyen akeh sing mengku wasita sinandi, tegese pitutur sing ora dicethakake utawa digawe rahasia. Pitutur kang adiluhung. “
“Njenengan niku kok pinter niku king pundi ta, mas?” piatkone Tarjan.
“Lhah , aku iki jane ya padha wae karo kowe. Lha saiki rak ana alate, supaya wong ora bodho-bodho banget.”
“Napa niku ?”
“Lha iku .... MBAH GOOGLE”
“Woooooooooooo...............”

No comments:

Post a Comment