22.
KADANG PAPAT KALIMA PANTJER KUWASANE DEWE-DEWE
Mar
lan Marti, kuwasané
among urip, anganakaké tjipta.
Kawah,
kuwasané rumeksa ing badan, anekakaké sedya.
Ari-ari,
kuwasané amajungi laku, angenakaké pangarah.
Getih,
kuwasané angréwangi ulah, andadékaké karsa.
Puser,
kuwasané andjurungi sabawa, nuruti ing paneda.
Iku
jén dipepetri lan dimemulé saben ing dina nudju kalairané, jekti
agung sawabé, poma dilakonana.
Balik
jén ora dilakoni, kadang-kadang mau pada ngrentjana, temah gawé
uraning tjipta, murungaké sedya, ngluputaké pangarah, lan migaraké
karep, gagar tanpa dadi, saking kurang tumemen madep ing laku, iku
prajoga den awas den éling.
'88
No comments:
Post a Comment